Selasa, 27 November 2018

Bahasa Jawa Kelas 2 SD

Bahasa Jawa kelas dua
Arane Anak Kewan
1.      Anak Jaran : Belo
2.      Anak Kebo : Gudel
3.      Anak Babi : Genjik
4.      Anak Macan : Gogor
5.      Anak Gajah : Bledug

Ngingu Kewan

Pak Karto nduwe ingon-ingon kewan
Kewane pak Karto Wedhus pitik lan banyak
Rudi dipasrahi kon ngopeni wedhus
Wedhuse duwe cempe loro
Tuti dipasrahi ngopeni banyak
Banyake duwe blengur telu
Rina dipasrahi ngopeni pitik
Pithik duwe kuthuk lima
Kuthuke lemu-lemu
Rudi, Tuti, Rina Sregep ngopeni kewan

Garapan :
1.      Apa irah-irahane crita ing dhueur?
2.      Pak Karto dhuwe ingon-ingon apa wae?
3.      Rudi dipasrahi Ngopeni apa?
4.      Wedhuse duwe cempe pira?
5.      Tuti dipasrahi ngopeni?
6.      Blengure ana pira?
7.      Rina dipasrahi ngopeni?
8.      Kuthuke Rina Ana pira?
9.      Rudi, Tuti, Rina sregep?
10.  Pithike duwe kuthuk?


Kepleset
Rio mangan gedhang karo mlaku
Kulite dibuang ana ing dalan
Bima ora nglegewa, kulit gedhang iku kepidhak
Bima kaget lan kepleset
Bima tiba krungkep
Andi enggal-enggal nulungi Bima sing lagi Pringisan
Bima dipapah Andi menyang pinggir dalan
Andi banjur niliki dhengkule Bima sing tatu
Jebulane Tatune ora sepira
Bocah loro banjur padha mbacutake laku

Garapan!
1.      Apa irah-irahan crita ing dhuwur?
2.      Ana ngendi anggone mbuwang kulit Gedhang?
3.      Kena apa Bima Kepleset?
4.      Kepriye tumindake Andi Nalika Bima tiba?
5.      Kepriye tatune Bima?
Garapan
1.      Becike sampah iku diobong aja dibuang ing?
2.      Wit-witan ing alas gunane kanggo numpang banyu udan supaya bisa ngresepake?
3.      Nanduri alas kanthi wit-witan sing akeh diarani?
4.      Ing ngendi-ngendi ana kekadean bencana?
5.      Akeh wilayah kang ketrejang?
6.      Ana banjir amarga saiki lagi mangsa?
7.      Gempa lan udan deres ndadeake lemah pada?
8.      Becike manungsa kudu iling lan ?
9.      Ing mangsa ketiga akeh sumber banyu padha?
10.  Alas gundhul bisa nuwuhake?

Jawaban
a.       Asat           d. Alam           g. Rendheng             j. Kali
b.      Banjir        e. Longsor       h. Banjir lan gempa
c.       Ing lemah  f. Waspada      i. Reboisasi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar